Rabu, 22 Januari 2014

Urip Sehat Dadeake Jiwa Sehat

Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.
Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.
Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani.
Para rawuh ingkang satuhu kinabekten

السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhumateng Gusti Maha kuwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebetipun adicara punika.

Sehat iku minangka anugrah kang gedhe banget. Sapa wae wonge mesthi ngarepake awake tansah sehat satemah bisa makarya miturut kekarepane. Saka tangi turu wong wis duweni kekarepan kang beda-beda. Kekarepan iku bisa mlaku lancar lantaran awak kang sehat. Awak sehat iku maksude ora ana penyakit ing sajeroning awak, awak krasane entheng lan seger. Jiwane uga sehat taksih bisa bedaake endi kang apik lan ala. Sehat iku nuntun manungsa uripe mulya lan adoh saka apa-apa kang bisa ngrugiake jiwa lan ragane.
Akeh wong kang ora nyadhar lan syukur anane sehat ing awak. Akeh-akehe mikir dene sehat iku wis dadi lumrahe wong urip. Sehat iku pikantuk saka panganan kang didhahar kanthi sehat lan olahraga. Dhewe lali sapa sing menehi awak sehat, sing ana pikiran namung apa-apa kang katon ing mripat. Kanggo wong tansah syukur, dene sehat iku kejaba saka tumindak urip kanthi sehat uga jalaran anugrahe kekuatan ingkang ora ketingal yaiku Allah SWT. Manungsa bisa ngrasake awak seger nalika nyambut gawe merga welas asihe Allah SWT dhateng hamba-hambanipun. Tanpa seijine Allah SWT manungsa ora bisa tumindak apa-apa. Manungsa tumindak apa wae iku mergane wis nampa kang ditakdirake marang dheweke. Dhewe dadi manungsa mesthi yakin apa kang ditakdirake iku wis kagolong paling apik ing urip miturut Allah SWT.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati.
Akeh wong nindakake urip mung nuruti nafsune, endi miturut dheweke katone apik dilakoni wae ora mikirke akibat-akibate. Kadhangkala ana wong liya kang nyoba ngelingke ananging namung dadi angin lewat thok. Wong kang gunaake pikiran sehat kudune bisa mikirke apa sajane kok wong bisa ngendika kaya ngono, dheweke bener apa salah utawa kepriye. Sangking gedhene nafsu ing awake satemah pituduh apa wae ora mempan. Dheweke ora gunaake nalurine, ana ing pikirane namung seneng kanggo awake dhewe lan sing penting apa kang dheweke tindakake ora ganggu wong liya. Kelakuan kaya ngene ana sing nyebut kagolong aliran liberal, aliran iki awitane seka kaum kang ora duweni kapercayan ing agama lan dawane wektulah kang wis nyebarke satemah ing ngendi-endi akeh wong kang keblusuk. Wong kang atos tumindake iki biasane nalika awak lagi sehat, dheweke bisa ngapa wae miturut kekarepane. Beda maneh umpamane dheweke nembe ketiban lara, dheweke bakal ngomong saka nalurine. Kang sadurunge ora mikirke dosa lebar awake lara ngrasa yen apa kang ditindakake seprene iku kleru lan ora trep kaliyan tuntunan agama.
Awak sehat utawa lara iku kabeh ujian seka Allah SWT. Wong kang tansah nindakake apa kang diperintahke dening agama bakale bisa bedakake endi-endi kang ngrugiake lan gawe dosa utawa babagan kang nguntungke lan pikantuk safa'at saka Allah SWT. Dheweke bakale terus mikirke kanthi tumindak syukur kaliyan apa-apa kang diduweni lan digunaake kanthi saapik-apike miturut aturan agama. Dheweke bakal krasa kelangan nalika ana babagan apik kang dilewati ing uripe tanpa nindakake apa-apa. Apa kang ona ing lingkungane dadi guru wicaksana kanggo urip kanthi sehat, seneng, syukur, lan tansah tumindak ingkang diridhoi dening Allah SWT.
Hadirin ingkang kulo tresnani
Urip sehat gampang digoleki ana ing panggonan kang resik, kopen kanthi temenan lan ora nate kanggo maksiat. Ngendi papan bisa dadi panggonan kang resik, kabeh iku tergantung kaliyan wong kang mapan ing kono. Menawa wong iku tansah nindakake apa kang diperintahke dening agama, lingkungane mesthi resik lan kopen mergane ngibadah kang ditampa iku wong kang ana ing panggonan resik utawa lumrahe kasebut suci. Lingkungan resik bakale menehi akeh keuntungan dhateng wong kang manggoni. Wonge katone sehat raga apa maneh jiwane. Resike panggonan diduweni wong kang sregep lan tanggap karo lingkungan. Dheweke wis ngerteni dene resike papan iku gawe sehat ing urip. Dheweke nindakake apa wae kang halal kanggo jaga panggonane resik, aman, kopen, tentrem satemah ngibadahe bisa katampa dening Allah SWT.
Urip sehat namung ana ing lingkungan kang resik. Jiwa sehat bisa ana ing urip kang sehat. Ngibadah kang diridhoi Allah SWT saka jiwa lan cara urip kang sehat. Ngibadah kanthi bener dadiake donga-dongane dhewe bisaa kasembadan. Mangga dadiake urip iki seapik-apike ing lingkungan. Aja sungkan nindakake kabecikan, wondene keuntungane durung langsung bisa didelok. Mbok menawa dhewe durung bisa delok saiki, sesuk sapa ngerti bisa kasembadan ing babagan padha utawa beda kang luwih saka kang nate dipikirke, Amin...
Poro Rawuh ingkang kulo hormati.
Sapa sih sing ora ngarepake urip sehat jiwa lan ragane. Sehat dadiake apa wae kang dhewe lakoni mlaku kanthi lancar. Dhewe bisa gunaake akal kanthi maksimal nalika awak sehat. Salah siji wae ora sehat ing kabeh perangane awak melu ngrasake. Bagian siji lan sijine ing awak minangka siji kekuatan. Kekuatan iku bisa kurang nalika padha ora kompak disebabke ana sing lara. Siji lan sijine kudu padha jaga saka maneka warna penyakit kang sewayah-wayah bisa teka. Urip kang ngati-ati iku bisa jaga sekabehane perangane awak. Nalika ngati-ati wis ditindakake namung tetep wae pikantuk perkara kang ora dikarepake, artine iku pancen wis dikersake Allah SWT lan wis dadi takdire. Dhewe namung bisa usaha lan dedonga, kasile ditentuake dening Kang Maha Agung. Apa wae kang ditampa ing urip iki kudu ditindakake kanthi ikhlas lan syukur merga kang kaya ngono dadi dalan kang seapik-apike dalan.
Hadirin ingkang kulo tresnani
Kintenipun cekap semanten atur sangking kawulo awal ngantos akhir sedoyo kelepatan kulo, kulo nyuwun agengipun pangapunten.

وَالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

Tidak ada komentar:

Posting Komentar